Menyang kontèn

Prangkat télévisi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Wernané prangkat télévisi ing Museum Komunikasi ing Frankfurt, Jerman ing taun 2010

Prangkat télévisi, panampa sinyal TV, utawa lumrah mung karan TV, yaiku piranti elektronik kanggo nongton lan ngrungokaké giyaran tivi. Piranti iki kasusun saka STB, layar, lan salon. Piranti iki wujud ing pungkasan 1920-an arupa modhel tivi mekanis. Nalika modhèl elektroniké sing nganggo tèknologi bumbung sunar katode (CRT) metu, prangkat iki dadi kirtan (produk) paling digandrungi sawise Perang Donya II. Giyaran tivi mawarna sing wiwit ana ing 1954, marakaké piranti iki saya digandrungi ing 1960-an, lan anten njaba dadi barang lumrah ing omah-omah. Banjur ing 1970-an bisa diarani kabèh wong ndarbé tivi. Nalika piranti rekaman kanggo pangguna umum wujud, kaya kaset Betamax lan VHS, tivi dadi piranti kanggo nampilaké isi rekaman kasebut sadurungé gumanti jaman DVD. TV uga wis dadi piranti panampil kanggo komputer omahan kawit komputer angkatan (generasi) kapisan (kaya Timex Sinclair 1000). Banjur dadi piranti panampil mligi kanggo konsol gim vidéo ing 1980-an (kaya Atari). Ing wiwitan 2010-an, tivi layar rata sing nganggo tèknologi layar kristal cuwer (LCD), utamané sing ndarbé tèknologi LCD pancahyan latar LED, akèh ngganteni CRT lan layar-layar matèknologi liya. [1] [2] [3] [4] [5] TV layar rata sing modhèren umumé wis bisa nampilaké gambar dhéfinisi ndhuwur (720p, 1080i, 1080p, 4K, 8K) lan kaconggah muter maneka momotan (konten) saka werna-werna sumber, kaya saka piranti USB utawa leladi wilènan internet (internet streaming service).

  1. ↑ "IHS Technology – The Source for Critical Information and Insight. – IHS Technology". displaysearch.com. Diarsip saka sing asli ing April 20, 2014.
  2. ↑ Katzmaier, David. "RIP, rear-projection TV". CNET.
  3. ↑ Jacobson, Julie. "Mitsubishi Drops DLP Displays: Goodbye RPTVs Forever". cepro.com. Diarsip saka sing asli ing 26 March 2015. Dibukak ing 26 December 2014.
  4. ↑ "LG's Exit May Herald End of Plasma TVs – Tom's Guide". 28 October 2014.
  5. ↑ "Discontinue Notice of TFT-LCD (CCFL Products)" (PDF). Mitsubishi Electric. 11 July 2012. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 29 March 2013.